Sabtu, 24 Disember 2011

................FALSAFAH SUFI JAWA...................*khusus yg ngertti aja heuheu

(Nasehat Eyang Raden Sosro Kartono, putra Bupati Jepara. Beliau adalah kakak kandung RA Kartini. Syair cinta ini ditulis sekitar tahun 1886 M).


Sugih tanpa banda
Nglurug tanpa bala
Digdaya tanpa aji
Menang tanpa ngasorake.

Menawi kula ajrih,
Rak kirang manteb kula
Dateng Gusti kula.
Tameng kula inggih Gusti kula.

Ing donya mung kebak kangelan,
Sing sapa ora gelem kengelan, aja ana ing donya.

Ajinipun inggih mboten sanes namung aji tekad, ilmunipun ilmu pasrah, rapalipun adiling Gusti.

Sinahu melu susah, melu sakit.
Tegesipun: Sinau ngudi raos lan batos.
Sinau ngudi kamanungsan.

Ganjarane ayu lan arume sesami.

Nanging kulo mboten kenging nilar patokan waton kulo piyambak, utawi supe dateng maksud lan ancasipun agesang; Inggih punika: ngawula dateng kawulaning Gusti, lan memayu ayuning urip.

Langgeng tan ana susah, tan ana seneng.
Anteng manteng, sugeng, jeneng.

Prabotipun wong lanang inggih punika: bares, wani, mantep

Kula bade ngukur dedeg kula, nimbang boting kamantepan, njajagi gayuhanipun budi.

Yen kersa nyangoni, sampun nyangoni uwas, nanging nyangoni mantep lan pasrah.
Punika sangunipun wong lanang.
Insya Allah kula nglajengaken lampah.

Tanpa tedeng aling-aling.

Sampun duwe rasa wani.
Ugi sampun duwe ati wedi.
Yen kapengkok aja mlayu.

Pakarti asor numusi anak putu lan mbekta kasangsarane tiyang katah.

Babad Pajang, Patah, Mataram Sultan Agung, Mangkurat lan sapiturutipun saged dados tepa palupi.

Eling.

Ayo pada dilakoni.

Durung menang, yen durung wani kalah.
Durung unggul, yen durung wani asor.
Durung gede, yen durung ngaku cilik.

Welas asih.

Aja dumeh tepa slira ngerti kuwalat

Yen unggul, sujud bakti marang sesami.

Ikhlas marang apa sing wis kelakon.
Trimah apa kang dilakoni.
Pasrah marang apa kang bakal ana.

Joko pring.
Mandor Klungsu.

Catur Murti.

SANG GURU

Murid, gurune pribadi.
Guru, muride pribadi.
Pamulangane, sengsarane sesami.

Ganjarane, ayu lan arume sesami.

MANDOR KLUNGSU

Para Pangeran ingkang sami rawuh perlu manggihi pun Klungsu.

JOKO PRING

Pring pada Pring.
Weruh pada weruh.
Eling pada eling.

Eling tanpa nyanding.

Kendel
Kendel.

Wani mengku: anteping ati, kencenging pikir, boboting kekuwatane.
Nekad: kekendelan, ngluwihi kekuwatan.

Jejeg.
Jeneng.

Marang rusak.
Marang jejg.

Rasa asih, tekad asih.

Yen tunggal bangsa.

Ingkang dados polanipun lampah kula inggih puniko:

Jawi bares.
Jawi deles.
Jawi sejati.

Kula dermi anglampahi kemawon.

Yen kepareng wonten buktinipun mugi dumawaho dumunungo wonten ing bongso kulo.

Yen wonten kahormatan, bongso kito ingkang gadah hak.

Yen wonten kaluhuran, inggih bongso kulo ingkang dados pemandenganipun bongso sanes.

Kulo namung trimo dados kawulo, dermi nglampahi.
Punika teges maksudipun lampah kulo.
Hormat dan cinta pada bangsa lain, tapi hormat dan juga pada bangsa sendiri, mboten kenging nyudo reginipun saliro. Utawi nyudo reginipun bangsanipun.

Nyebar wijio sederekan lan wiji utamining kejawen ing manca negari.

Kulo sowan dateng para Sultan inggih ajeg ngangge rasukan takwo lurik, mawi sinjang tenunan, mboten isin ngluhuraken pusoko lan wasiyat warisan Jawi. Malah puniko mewahi pengaos.

K. Ratu putri Langkat ngantos karso ngyasakaken dateng kulo minongko tondo pangenget-engrt.
Dipun damelaken piyambak.
Sampun mundhut contonipun takwo kulo.
Semanten jayanipun rasukan takwo.
Milo tiyang gesang puniko mboten kenging ngino pusoko wasiyatipun piyambak.


Ingkang tansah kulo mantepi:
agami kulo lan
kejawen kulo.

Inggih bab kalih puniko ingkang kulo luhuraken.

Budi jawi.

Angluhuraken bongso kito; tegesipun
Anyebar wineh budi Jawi.
Gampilaken marganing bongso ngupoyo papan panggesangan.

Ngawulo dateng kawulaning Gusti, lan memayu ayuning urip.

Ageng alit sami sambat lan tangisipun dateng ulun, amemelas, angrentahaken luh lan manah. Awrat sangetawratipun dipun sambati tiyang katah, langkung awrat malih yen sambatipun dipun lebetaken rasa lan batos.

Medal malih luhing manah, kemutan para sesmi ingkang saweg ginanjar nandang susah lan sangsara, mboten kolu nedo, mboten kolu ngombe, kemutan tiyang sakit, tiyang keluwen semanten cacahipun.
Ical, sirna susah sayahipun pribadi anggagas, amndeng lan mantheng susahipun sesami, luluh sakit lan susahipun pribadi wontening sagunging samodraning sakit lan sangsaranipun sesami.

Gusti, Ingkang Maha Agung.
Gusti, Ingkang Maha Kuwasa, mugi-mugi kaparingan kabul ingkang dados maksud lan kajatipun para umat sadoyo. Mugi-mugi rentaha welas lan ngapuraning Gusti dumateng para umat, umat Gusti.

Gusti mugi kersa ndawahaken samodraning berkah dateng para umat, nyirnakaken sagunging susah lan sakit, paring wewahing sugeng lan senengipun para kawulo.

Luh ingkang mijil saking sucining batos lan raos, ingkang tuwuh saking sucining bakti marang kersaning GUSTI.
Welas, welas Gustining Jagad.

Waras, waras saking karsaning Allah.

Emut kulo dateng pepunden, panembahan kula, emut dateng Ibu.
Tuwuh gagasan kula ingkang mekaten:
Iba bungahe Ibu yen pirsa aku payah, aku lara saka enggonku nulung wong; jalaran saking manteb lan eklasing panggalih. Seger sariro, terang pikiran, ser tilem badan ingkang nandang kesel lan lara wau.
Apa sing diarani jamu utama?
Yaiku baktiku, tresnaku marang Ibu, yaiku ing paran ngendi-endi sing dadi jamu caket, jamu adoh, jamu susah, jamu lara, jamu peteng, jamu padang, jamu turu, jamu laku.
Ibu yaiku wakil Allah ing donyo.
Ibu sing nyaketake aku marang Gusti .
Elinga, para sadulur sing lali marang Ibune.

Ingkang tansah dados ancasipun lampah kulo mboten sanes namung sunyi pamrih puji kulo mboten sanes namung sugih, sugeng, senengipun sesami.
Prabot kulo mboten sanes badan lan budi.

Aji Pring

Among guyup

Ancas kulo mboten sanes namung mugi-mugi kaparingan kiyat saged urun budi.
Memayu ayuning urip, memayu awonipun agesang, nyuwito
Ngawulo bakti dateng sesaminipun.

Lampah kulo tansah anglampahi dados kawulaning sesami tansah anglampahi dados muriding agesang, wajib tiyang gesang, wajib tiyang gesang sinau anglaras batos saha raos.

Kawulaning sesami

Nulung pepadane, ora nganggo mikir wayah, waduk, kantong.

Yen ana isi luuntur marang sesami.

Nulung sesami punika mboten mesti wonten ganjaraipun nandang sae sering nandang pitenah.

Trimah mawi pasrah.

Dede tekad pamrih, nanging tekad asih.

Senajan dede sanak, dede kadang, dede mitra, dede tepangan, kula aturi sinahu nyupakaken susah lan sesakitipun piyambak, sinahu ngraosaken lan nyumerepi tunggalipun manusa, tunggalipun rasa, tunggalipun asal lan maksudipun agesang.

Tiyang mlampah punika, sangunipun lan gembolanipun namung satunggal, inggih punika ; ‘maksudipun.’
Barang sanesipun kenging dipun wastani ngriribedi lan ngrawati lampah kenging dipun wastani ugi : ngendoni niyat utawi “nginger ancas lan tujuning lampah.”
Sucining batos lan raos.

Tumraping kula piyambak, kejawi urun batos, raos, kula kedah wani urun badan, urun dada, urun bahu.

Mugi-mugi kaparingan “kuat,” kuat niat, kuat urat.
Ingkang kulo dalaken dede tekad pamrih,nanging tekad asih.

Luh ingkang medal saking manah punika, dede luhipun tangis pamrih, nanging luh peresanipun manah suwung pamrih.

Sinau ngudi raos lan batos, sinau ngudi kemanungsan.

Manah kula minangka kacanipun susahipun, raosipun sesami.
Kaca punika inggih rasa, mila kita kedah sinau maca mawi kaca, sinau maos mawi raos.


Anglurug, tanpo bolo, tanpo gaman.

Ambedah, tanpo perang, tanpo pedang.
Menang, tanpo mejahi, tanpo nyakiti.

Wenang, tan ngrusak ayu, tan ngrusak adil.
Yen unggul, sujud bakti marang sesami.

I am the sword.
I defend the weak.


I am the sword.
I kill the weak.

Aja sira aweh kasekten marang durjana.
Tilaripun pangkat, menangipun budi.

SANG ALIF

Ngawulo dateng kawulanging Gusti lan memayu ayuning urip.


Nindakaken ibadat, inggih punika nindakaken kewajiban bakti lan suwito kulo dateng sesami.


TIRTA HUSADA

Ngawula dateng kawulaning Gusti lan memayu ayuning urip, tanpo pamprih tanpo ajrih, jejeg, mantep mawi pasrah.
Sebab payung kulo GUSTI kula, tameng kula inggih GUSTI kula.


Yen kula mundur, sebab ajrih, kula kenging dipun wastani kirang pasrah dateng GUSTI.

Yen kula ajrih, kenging dipun wastani ngandut pamrih utawi ancas ingkang mboten sae.

Suwung pamrih, suwung ajrih, namung madosi barang ingkang sae, sedaya kula sumanggakaken dateng GUSTI.

Matur sewu sembah nuwun.
Nyuwun gunging pangestu.
Nyuwun ngapuro.

ANGUKUP KABEH ANYANDAK SIJI

Angukup kabeh.
Anyandak siji.

Ambuka netra.
Tegesipun.
Anutup netra.